KUDUS – Polres Kudus ngadakke operasi rutinan sing ditujukke kanggo cah-cah nom kang kerep balapan liar. Iku kanggo antisipasi ramaine kejadian iku wektu wulan poso.
Anggota Polres disiagakke ing dalan-dalan Kota Kudus. Dheweke nganggo mobil lan motor. Lan peralatan lengkap. Sak liyane anggota Polres, anggota Polsek ugo melu patroli.
Kasat Sabhara Polres Kudus AKP Anwar ngomong yen patroli iku agenda rutinan. Nanging nyedaki poso iki ditingkatake.
Baca juga: Cegah Radikalisme, Bupati Pati Minta Perbanyak Dialog
Tujuane sak liyane antisipasi balap liar ugo antisipasi gangguan ketertiban lan keamanan. Amargo balap liar ing klompok cah-cah nom kerep ono wektu poso. Pas wektu ngabuburit, wengi, lan wektu saur.
Sak liyane pertimbangan wektu, patroli ugo nimbang panggonan. Papan kang rawan iku dipetakke. Antarane Dalan Lingkar Lor Desa Klumpit, Dalan Lingkar Kulon, ugo Dalan Jenderal Sudirman kang kulino kanggo balapan liar pas wengi.
Dikarepke operasi iku iso ngurangi lan ngantisipasi balapan liar. Luwih-luwih balapan iku ngerugike keselametan pangguno dalan liyane. (tos)