GROBOGAN - Petugas gabungan ngadaake operasi rutinan sing ditujukke kanggo pelanggar aturan ning mongso PPKM (Pemberlakukan Pembatasan Kegiatan Masyarakat) mikro. Hasile, isih akeh sing nerak kebijakan sing wes diterapke pirang-pirang sasi iku. Di antarane, mbak-mbak ning kafe-karaoke ijeh ndablek nerimo tamu.
Miturut datane Satpol PP Grobogan, operasi iku tujuane yaiku toko, warung mangan, kafe, karaoke, pedagang kaki lima (PKL), lan angkringan. Di antarane tujuan operasi iku, ning Dalan MT. Haryono, Dalan Baru, Dalan Purwodadi-Semarang, lan Dalan Ahmad Yani.
Petugas langsung ngongkon toko, warung mangan, kafe, karaoke, lan sak piturute sing ngluwihi jam wengi iku mau, tutup sak naliko.
Baca juga: Semen Gresik Targetkan Penurunan Angka Kematian Ibu dan Bayi