25 C
Kudus
Tuesday, June 6, 2023

Prasah, Tradhisi Penganten Deso sing Larang

ORA let suwe, pasangan sing nganakake pesta mantenan ing Desa Guwosobokerto, Kecamatan Welahan, Jepara, ujug-ujug kesuwur. Alasane, mantenane nggawa kebo gedhe banget sing diarak warga. Kebo iku ora tanpa alesan. Ing Desa Guwosobokerto pahargyan penganten iki, mujudake tradhisi kang wis diterapake wiwit zaman para leluhur jenenge prasah.

Suwargi, pejabat desa njelasake, yen tradhisi iki ono wis suwe. ”Wis suwe, kawit zaman leluhur,” ujare.

Ing prosesi iki, kebo lanang dipilih dining penganten kakung kanggo diwenehake marang penganten putri. Minangka hadiah. Regane kebo paling sethithik Rp 40 yuta. Kebo diiring kanti ditaleni supaya ora ngamuk.

Suwargi nyritakake, yen biyen ana wong sing marani guru spiritual (meguru) njaluk kebo ngamuk. Wong iku wong njaba sing duwe acara. ”Dadi dhisik nganti ana kebo sing nesu. Ucul soko taline,” ujare.

Baca Juga :  Dalan Provinsi neng Bangsri Dadi Kali

Dheweke ngakoni yen tradhisi iki ora dianakake saben wong. ”Mung wong sing mampu. Ngelingi rega kebo larang regane,” jlentrehe.

Ono rong deso sing ijeh nindakaken tradhisi menika. Ing Deso Guwosobokerto lan Deso Sidigede. ”Amarga rong desa iku cedhak, padha duwe tradhisi sing padha,” omonge.

Suwargi nambahi keterangan, sawise diwenehi kebo biasane dimasak lan diwenehake marang wargo ing sekitar penganten.

Sakmeniko dipun wontenaken prasah wonten ing Desa Guwosobokerto, Welahan. Syahril, warga penanggung jawab linmas ngakoni, yen acara iki tansah dadi pusat perhatian. ”Kebo sing ditawakake wektu iki bobote kiro-kiro 5-7 kuintal. Regane sampek Rp 50 yuta,” imbuhe. (nib/lin)

Baca Juga :  Kurang Siswa, Dinas Minta 16 SMP Negeri di Jepara Buka PPDB Sesi 2

Dheweke ngakoni yen tradhisi iki ora dianakake saben wong. ”Mung wong sing mampu. Ngelingi rega kebo larang regane,” jlentrehe.

Ono rong deso sing ijeh nindakaken tradhisi menika. Ing Deso Guwosobokerto lan Deso Sidigede. ”Amarga rong desa iku cedhak, padha duwe tradhisi sing padha,” omonge.

Suwargi nambahi keterangan, sawise diwenehi kebo biasane dimasak lan diwenehake marang wargo ing sekitar penganten.

Sakmeniko dipun wontenaken prasah wonten ing Desa Guwosobokerto, Welahan. Syahril, warga penanggung jawab linmas ngakoni, yen acara iki tansah dadi pusat perhatian. ”Kebo sing ditawakake wektu iki bobote kiro-kiro 5-7 kuintal. Regane sampek Rp 50 yuta,” imbuhe. (nib/lin)

Most Read

Artikel Terbaru