
WONG wadon iki ojo dingeti sebelah mata. Amargi deweke iso berjuang lan kuat ngadepi liku dalan.
Wong wadon iki namane Novia Endah Lestari warga Desa Piji, Kecamatan Dawe Kudus.
Saben dinone deweke mergawe dadi sopir truk. Biasane penggawean kui dilakoni wong lanang. Novia sapaan akrabe orak isin dadi sopir truk.
"Kawet 2018 wes kerjo dadi sopir truk," jare wong wadon sing melu demo tolak Over Load Over Demensi (ODOL).
Deweke tetep kuat neg jalur persupiran kui. Amarga deweke kolaborasi karo bojone Teguh Adi P nglibas dalanan.
Bojone lan Novi nyopir bareng. Nak bojone kesel Novi siap mancal. Sak balike uga karo bojone Novi.
"Trayeke wes tekan adoh, tau tekan Bali barang," jarene.
Deweke ngarepe, pemerintah iso ngei solusi sing dening masalah ODOL.
Solusi kui ingkang mihak sopir. Novi sakdurenge melu demo tolak RUU ODOL.
Awake ngaku terpanggil ngeti solidaritas sopir ing nolak RUU ODOL kui.
Menurut Novi, peraturan ODOL kui dampake merugikan para sopir. Bahkan luwih parahe dampake iso kanggo keseluruhan.
"Ya partisipasi melu aksi melihat konco-konco, kalau langsung lungo malah rak sopan, ya menghargai," tambahe. (gal/him)
