
JEPORO - Media sosial ning Jeporo sempet digegerke penemuan janin ning ngarepe toko modern ning Kecamatan Pakisaji urung suwi iki.
Janin kui geletakan ning cerake tumpukan galon ning toko kui. Sak uwise dicek, jebule kui janine kucing.
Kedadian iku ndilalah iso dingeti seko rekaman CCTV ning toko kui. Kedadiane bengi lan sepi.
Pas kui, ana kucing mlaku ning ngarep toko. Gak dingerteni penyebabe, kucing kui ujug-ujug glempang lan mblayu.
Tibake, soko rekaman kui nunjukake pas kucing mau ngglempang ngetokake janin.
Bentuke jek urung ana rupane. Ukurane ya ora ana sedriji.
”Tibake iku kucing keguguran. Kedadiane ning Jeporo kui kepindo. Seng pertama yo enek ning Demak. Kedadiane dikiro janin manungso, jebule kucing,” jarene Kepala Satreskrim Polres Jepara AKP M. Fachrur Rozi. (ful)



