Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement

Syaifuddin njelasake dekne ancene duwe cita-cita ngadakke nikahan ning njero bus. Amargo dekne salah siji peminat transportasi bus. Istilahe busmania. ”Ning lain sisi, kulo nggih bekerja di bidang transportasi di biro perjalanan,” jarene Udin, sapaan akrabe Syaifuddin.
Acara nikahan kui digelar ning omahe mempelai putri Aida Noor Laila ning Tahunan Selasa (27/7) winginane. Akad nikahe enek ning njero bus sing terparkir ning halaman. Saat iku, sing enek ning njero bus terdiri soko para saksi, wali nikah, mempelai pria lan wanito, serta keluarga kedua pasangan.
Sak barine acara akad nikah, dilanjutno acaro mangan-mangan. Sak bare iku langsung loro bus iku mau muter-muter keliling Kota Jeporo. Mulai teko Tahunan, Pantai Telukawur, lan area Kota. ”Pas iku ya mandek sediluk gawe foto-foto barang,” terang Udin.
Konsep acarane kui metu soko cita-citane Udin. Dekne ngaku bersyukur kabeh pihak ndukung acara kui. Lantaran, acara koyok ngunu tergolong unik, termasuk ning Jeporo.
Persiapane sekitar rong dino. Bus sing kanggo akad nikah kursine dicopoti kabeh. Buse nganggo armadane PO KJM Putra. Biaya seng dientekne kanggo acara iku kisarane sampek jutaan rupiah. (rom)
Advertisement
Advertisement
Artikel Terkait
Advertisement
Berita Terkini
Advertisement
Advertisement



