GROBOGANÂ – Wulan Juli kudune wes mlebu mangsa ketiga. Miturut siklus, ketiga utawa kemarau iku mulai April nganti September. Wulan Oktober nganti Maret mlebu mangsa rendheng. Nanging, apa sing kedaden ning Grobogan dino-dino iki ora kaya biasane.
Wingi sore, ning sawetara wilayah pada udan deres. Wong kang nitih sepeda motor pada medun lan njimuk mantel ning jero jok. Mantel iku mau di bukak terus dienggo. Ning dalan sing legok ya ketok banyu agung ngisi jeglongan iku.
Ancen akeh wilayah sing mu dun udan wingi. Nanging, udane wes mesti ora roto. Ning wilayah Gubug misale. Mlebu Gubug kecamatan ancen udan deres. Nanging yen mlebu wilayah lor rodo adoh, udane wes soyo ora kroso. Malah, yen ngalor meneh, ono wilayah sing ora udan babas blas.