Gawe Film Soko Cerito Rakyat

Ali Mustofa • Dipublikasikan Kamis, 23 September 2021 | 17:53 WIB
KREATIF: Proses pendamelan film Bara engkang diangkat soko cerito rakyat Roro Mendut. (TEATER MINA TANI FOR RADAR KUDUS)
KREATIF: Proses pendamelan film Bara engkang diangkat soko cerito rakyat Roro Mendut. (TEATER MINA TANI FOR RADAR KUDUS)

PATI – Senajan ora iso gawe pentas nang panggung koyo biasane, seniman teater Kabupaten Pati ora kelangan akal.

Carane koyok seng dilakoni cah-cah nom kelompok Teater Mina Tani. Naskah cerito rakyat diangkat dadi film.

Cerito kang diangkat yoiku babagan Roro Mendut. Kisah putri ayu kang ora gelem ngalah mergo mempertahanke harga dirine.

Pamilahan film mergo lantaran nembe pagebluk Covid-19, pentas nang panggung during soko pemerintah.

Nggawene film nganggo protokol kesehatan. Kru lan pemaine wes podo vaksin lan swab tes.
 
Kanggo cah-cah, pandemi ora iso mandekno kreativitase kanggo berkarya.
 
Lokasi syutinge nang daerah Pati dewe. Sekalian kanggo ngangkat panggonan potensial pariwisata ning Kota Mina Tani Iki.

Ketua Teater Minatani Pati Siwi Agustina ngendika, penggarapan film kanggone dewe kelebu tantangan anyar kanggo mentaske cerito rakyat.

”Penggarapan film diewangi pengarah sinematografy Pendi Subarong lan juru pemundut gambar Yovie Young. Awak dewe podo wae matur suwun kalian Pak Mogol, yaiku pemain ketoprak sepuh ning Pati, seng wis bantu dadi pengarah produksi," jarene Siwi.

Penggarapan film iki, akhire dipuji karo Dinas Pendidikan dan Kebudayaan (Disdikbud) Kabupaten Pati.

Kasunyatane, film iki dipercaya kalebu ing Duta Besar Seni sing diprakarsai dining Badan Penghubung Jawa Tengah, Taman Mini Indonesia Indah (TMII).

”Awak dewe cukup bangga karo keprigelan para mudo kanggo nggarap seni budaya sing asale saka wilayah kasebut. Menapa malih, Pati dikenal kuat ing seni ketoprak," jlentrehe Kepala Budaya Paryanto ing Disdikbud Pati. (lin)
Editor : Ali Mustofa
njawani pati cerita rakyat seniman teater