JEPORO - Wingi isuk ning Bawu, Kecamatan Batealit, Jeporo, digegerno adegan gropyok ning salah siji omahe warga.
Penyebabe, enek pasangan udu bebojoan berduaan ning njerone kamar.
Yoiku wong wadon umur 44 sing wes duwe bojo, lan wong lanang umur 31 sing jik bujang.
Wong wadon iku asline wong Tayu, Pati. Sementarane sing lanang wong Ngasem, Batealit.
”Sing ngerti kronologise warga,” jarene Kapolsek Batealit AKP Aliet Alphard wingi (29/12).
Sak bare digropyok, sejoli kui mau langsung diamanke ning Balai Desa Bawu, sak durunge digowo ning Polsek Batealit.
”Ada anggota saya seng medun. Lan langsung ngamanke sejoli iku ning Polsek kanggo mediasi,” jelas Aliet Alphard.
Jarene Aliet, kasus kui wes rampung dimediasi. Lan kasuse dimareni lewat dalan kekeluargaan.
”Pihak rong keluarga sempet njaluk sepuro. Lan njaluk gak diperpanjang,” tegese. (zen)
Editor : Ali Mustofa