JEPARA – Senin (6/12) winginane sempet heboh ning salah siji grup Facebook Info Seputar Jepara.
Ning salah siji postingane, enek foto-foto sing nunjukne enek emak-emak bakulan krupuk nganggo motor sport warna pink sing gambare tokoh kartun Hello Kitty.
Krupuk-krupuke sing didol dilebokne kranjang terus didekek ning jok bagian mburi lan ditaleni ning sepeda motore.
Teko keterangan ning postingan kui, emak-emak dodolan krupuk ngadol krupuke ning area Welahan.
Perbungkuse, regone Rp 2 ewu isi 5 biji lan entuk tambahan sambel.
Sakbare ditelusuri, jenenge emak-emak kui asline Herlina, 34. Alamat asline Desa Ngelo, Kecamatan Mijen, Kabupaten Demak.
Saben sore, dekne bakulan krupuk ning Welahan lan buka lapak ning ngarepe salah siji toko ning kunu.
Dekne nyupiri dewe motor sporte teko omahe ning lokasi bakulan. Jarake sekitar 10 menit.
Lina, sapaan akrabe Herlina, cerito sakdurunge bakulan krupuk nganggo motor sport dekne kerjo ning Jakarta 12 tahun. Kerjone dadi satpam.
”Sempat hijrah ning kampong. Niate pingin cedak mbi anak,” jarene ibu anak siji iki.
Lha, motor kui hasile dekne kerjo ning Jakarta. Pas wis ning omah, Lina pingin kerjo nanging wes males kerjo melu wong liyo.
Ketepakan, ibuke duwe usaha panganan. Dekne duweni niatan ngembangke usahane ibuke kuwi.
Carane gawe sambel sing didol bareng krupuk kuwi. Mergo sing diduweni motor kuwi, dekne pun bakulan krupuk nganggo motor kui.
Jarene, dekne bakulan krupuk ning Welahan wes setahun kepungkur.
Saben dino, mangkate sekitar jam 15.30 sore lan muleh nik bakulane wes entek. Enek sekitar lima ngatus krupuk sing didol Lina saben dino. (zen)
Editor : Ali Mustofa