GROBOGAN - Ning bumi Grobogan, isih akeh sebrangan rel sepur sing durung ana palange.
Salah sijine rel ning Desa Sembung, Kecamatan Godong.
Ana wong loro sing jogo ning rel kono. Loro-lorone nggowo senik utowo wadhah.
Senik iku mau kanggo ngadahi duwit sing diwenehke wong kang liwat.
Biasane, wong liwat sing nitih mobil nguncali duit Rp 500, Rp 1.000, utawaRp 2.000.
Wis mesthi tinimbang dijogo wong kaya ngono tanpa palang, luwih becik yen dalan rel iku ana palange.
Sebabe, luwih ora mbahayani wong kang liwat. (ful)
Editor : Saiful Anwar